Main Menu

Welkam Tu Solo, F*CK....


Welkam Tu Solo Fak (Bandara Adi Sumarmo)

Bingung aku meh mulai seko ngendi nulis iki. Aku kepikiran nulis iki pas ngedit foto-fotone cah Kompi sek pas nongkrong neng Kedai Kita wingi. Sek jelas koncone dewe Faka Yudhistira Kemis tanggal 22 Maret 2012 wingi dolan Solo meneh. Info wae, Faka saiki kerjo nang Denpasar, neng took, eh perusahaan sek gaweane jare dodolan motor.  

Oiyo, aku yowes gawe ucapan selamat datang neng fesbuk grup e Kompi, Komunikasi Rongewupitu, unine ngene, “Welkam tu Solo Faka Yudhistira”, ono fotone barang pas aku njemput kowe nang panggonan parkir motor mebur. Beruntung tenan yak owe Fak duwe konco koyo aku, #eh.

Ngumpul Bareng di Kedai Kita, Solo #1
Ngumpul Bareng di Kedai Kita, Solo #2

Aku gawe postingan iki khusus nggo nyambut kowe Fak. Selain kuwi aku yowes suwe ra posting nang blog, meh tak posting opo aku bingung. Yowis mosting iki wae sek mandan menye-menye. Tapi yo ngerti dewe Fak, aku wong ke-2 sek gawe postingan neng #blog kanggo kowe. Yo to?

Aku kenal karo kowe rak yowes suwe to fak, pertama kenal genah pas upacara penerimaan mahasiswa anyar nang ngarep rektorat UNS mbiyen. Yowes suwe, tahun 2007 mbiyen. Kowe rak yo iseh eling to kowe ngomong  “Aku asli Banjarrrr (lambemu nganti dowo mecucu), Aku angkatan 2006, sebelumnya kuliah di STAN”. Anjing Fak kowe, aku mbek Okky mbok apusi. Cuk tenan. 


Jaman Ospek, 2007 (Student Center UNS, ki-ka: Okky MY, Faka, Aji, Aku)
Kowe tak akoni nyat sangar fak. Saben uwong ki duwe ke-sangar-an dewe-dewe. Begitu juga kowe. Awak dewe sak kos, sak kelas, sak angkatan, tapi ngerti-ngerti kowe lulus cepet. Yo ora ngerti-ngerti ding, aku salut tenan, aku ngerti garapmu skripsi. Nyat top tenan kowe masalah pengaturan wektu. Aku ngerti dewe, usahamu nyat jos tenan. Kowe lulus pertama neng angkatane dewe, neng Kompi, kowe dadi mahasiswa terbaik, kowe lulus kumlot, kowe kon pidato barang. La badalah, aku malah dadi seksi uripmu seko semester siji tekan lulus. Tapi ora ngerti kabeh ding, terutama masalah kasmaranmu, ming beberapa tok aku ngerti. Pas jek kuliah mbiyen aku eling banget kowe nek esuk kuliah ono tugas bengine langsung mbok garap. Kowe garap skripsi aku ngerti (tapi aku ra garap), kowe pendadaran aku yo ngerti, kowe wisuda aku yo ngerti, tak potret barang. Pas wisuda, pas kowe pidato aku yo motret, jan bejo banget kowe nduwe konco aku ya #eh #meneh, akeh dokumentasine. Lha saiki pas kowe mulih Solo meneh aku yo motert kowe. Sangar to aku.


Pas Jaman Pendadaran karo wisuda, 2011

Aku kenal kowe ki yo aku ngerti watak-watakmu, watak sek apik karo watak sek elek yo ono. Wajar, wong menungso. Yo menurutku nek pas watakmu elek metu ki nyat kowe ndlogok kok Fak. Sak geleme dewe. Kobis tenan kowe. Tapi aku yo akeh sinau seko kowe, misale nek menurutku ki kowe ra arep mikir babagan sek ra kudu mbok pikir. Aku beberapa kejadian sinau seko kowe tentang watak kui. Siji Fak, saiki kowe wes kerjo, mungkin sek kudu mbok eling, mungkin sesuk2, sesuk mben kowe wes jarang ketemu karo aku, karo cah kos lawas, karo cah2 Kompi, nah kuwi kowe ojo lali karo konco, kowe kudu eling, kontak-kontak, liwat HP, liwat jejraing social, liwat blog yo rapopo,. #eh


Di KM Muria, Menuju Karimun Jawa, 2011
Kos Techno Park, aka NDANminggato, Januari 2010, tak sensor fak, mengko ketok ANUmu

Faka aka Mandra, kata Okky

Oiyo, aku jane pengen nulis dowo banget iki, tapi aku wedi nek kowe moco njut sedih, mbrebes mili,  kowe malah raiso konsen kerjo, ujuk2 e pengin dolan Solo meneh nemoni cah2 Kompi. Aku ming iso nulis iki, rodo njlimet rapopo.

Sukses ya Fak. 


3 komentar:

About mengatakan...

Aku seneng pol...!!! suwun wes dituliske perjalanan uripku selama urip bareng karo kowe soko semester 1-8. Aku arep nangis moco tulisan kui. Tp aku bahagia...

GoGa Kata mengatakan...

terharu moco tulisane panjul seng mengharukan.
*nangis ndlosor-ndlosor*

Laras Shinta mengatakan...

Terharu..cie panjul perhatian bgt sama faka,,tapi ngakak pas baca yang 'aku org kedua yg nulis blog go kw' hahahaha..nice njul :')

Popular Posts

Diberdayakan oleh Blogger.